niva
KEGIATAN BINTALSIK SMK CANDA BHIRAWA
Ing dino Kemis tanggal 3 Maret 2024 aku Melu kegiatan bintalsik. ing jam 6.45 arek-arek podo kumpol ing halaman canda bhirawa. sakwise kumpol langsung arek-arek podo ngelaksanakne apel mari apel enek upacara serah terima. mari iku arek-arek persiapan berangkat ing brigif 16 numpak truk sakwise numpak truk kiro-kiro tekan brigif jam 9.00
Sakwise teko arek-arek dikon ndodok mbek manggol tas ing Sirah Sampek tekan aula. Ing aula arek-arek dikon ngetoke barang barang langsung jajan. Maringono arek-arek dikon menyang barak gawe ndeleh tas lan barang-barang gowoan. Mari Noto barang arek-arek dikon salen klambi olahraga. sakwise ganti olahraga arek-arek dikon golong-golong ing lapangan. Mari golong golong arek-arek dikon mangan nasi rames. pertamane ngombe setengah aqua, teros mangan tahu kudu cepet entek, teros mangan sayor sakcepete, sakwise langsung dikon nyampur endok lan banyu Aqua sisa ngombe awal mau. sakwise nyampur langsung dikon mangan nasi rames iku lan diitungi 15 detik. sakwise mangan arek-arek ganti klambi lan siap siap gawe sholat dhuhur sak durunge sholat dhuhur arek-arek dikon baris seng rapi lan nyanyi ing perjalanan nyanyi lagu kemerdekaan sampe tekan mushola. sakwise sholat arek-arek dikon neng lapangan lan nyokot sendal lan sepatu seng nggawe sepatu amergo barise kurang rapi lan nyanyine kurang banter. mariku langsung neng barak gawe ganti klambi olahraga mari ganti arek-arek dikon menyang ngarep barak lan tiarap lan dikon kenalan Karo sandingge.
Dino ke loro isuk arek-arek dikon senam ngikutin pelatih. Mari senam arek-arek dikon bares gawe sarapan isuk menu sarapane enak bedo koyok dino pertama tapi panggah kudu mangan cepet. Pas bengi arek arek dikon turu gang sediluk enek suara mercon. lan arek-arek dikon kumpol neng lapangan jare pelatih Ono Israel nyerang lan kudu nguber tentara Israel. lan mariku dikon ngelakoni jelajah sakdurunge jelajah arek e dibagi lan ono seng di pilih dadi ketua kelompok gawe arek-arek. sak durunge budal jelajah ketuane dikek i sandi yoiku "Pancasila" jare pelatih gak oleh di bocorne neng tenggah perjalanan kudu di duduhne pelatih lek wes temekan finis. Pas neng tenggah perjalanan Ono seng macak dadi setan lan ngedeni arek-arek pas awal eroh arek-arek langsung mbengok Kabeh. mari mbengok arek-arek lanjut perjalanan mariku enek tentara seng nakoni sandi arek-arek njawab Pancasila maringono arek-arek dikon copot klambi Sampek tekan finis mari tekan finis arek-arek langsung dikon push up lan nggawe klambi seng cepet. mariku arek-arek bersiap gawe upacara api unggun mari upacara api unggun arek-arek podo karaoke lan njoget-njoget maringono arek-arek mbalek neng barak lan turu.
Ing dino ketelu lan terakhir arek-arek dikon senam meneh lan mariku mangan. Mari mangan arek-arek dikon jelajah meneh. arek-arek dikon nyatet tanaman lan hewan seng iso dipangan. ing pertengahan jalan arek-arek dikon mandek lan istirahat sediluk. Mari istirahat arek-arek dikon nyamar lan golek gutek gawe tembak-tembakan. Mariku langsung lanjut Sampek arep finis arek-arek dikon tiarap lan mbedili arek-arek bodrek. mari iku langsung podo istirahat lan ados gawe sholat Jumat. Mari sholat Jumat. dikon ngantri gawe ngecat wajah e dadi ijo Ireng mariku arek-arek wes podo mari ngecat wajah mari ngecat wajah arek-arek dikon mbuntel tas nggawe kresek mariku langsung berangkat menyang sekolah SMK canda Bhirawa mariku arek-arek arek muduk tekan trek lan baris ing halaman canda bhirawa mariku arek-arek nampelne yel-yel seng wes diajari Karo pelatih LAN ngelaksanakne upacara serah terima menyang wong tuwane arek-arek. mariku wong tuwane arek-arek Kon nggolek i anak e dewe-dewe mari petok arek-arek langsung podo muleh Kabeh.